SASTRA JAWA

TRESNA KANG NGGONDHOL NYAWA

Dening: Sudadi

Wiwit awal Januari 2008 aku sakanca cacah 22 manggon ana Jember. 22 guru sing melu Pendidikan Sertifikasi Guru (PSG) iku asale saka Jawa Barat (5), Yogya (4), Jawa Tengah (13). PSG Jalur Pendidikan iku netepake syarat marang peserta kudu ngangsu kawruh ing FKIP-UNEJ (Universitas Jember) sajrone setaun. Teka ing Jember awale aku kabeh manggon ana tampungan darurat sing kahanane sarwa cumpen. Kamar loro diisi wong sanga, turu ana njogan, cedhak WC sing mampet. Sebageyan sing ora kuwat wis keserang diare, masuk angin, flu, lsp. Rekasa rasane nanging kabeh iku dilakoni kanthi senenge ati.

Sakwise sedhela manggon ing kost darurat sing dienggo rame-rame kuwi, aku sakanca banjur golek papan kost sing luwih enak. Nalika ku-mlaku ana kantor BKKBN, aku sakanca tepung karo Pak Jayus sing ora liya ya petugas jaga malam kantor BKKBN. Dheweke nawakake ana omah kosong cedhak kampus sing regane murah. Ketarik karo tawaran kuwi mula kabeh banjur padha rame-rame tumuju omah kost sing dicritakake Pak Jayus mau.

Apa sing dicritakake Pak Jayus nyata bener. Omah kuwi bangunan tembok tingkat loro. Posisi omah ing jalan Bengawan Lawas I (nyuwun sewu jeneng dalan daksinglonke) yaiku dalan pas mlebu kampus UNEJ sisih lor. Regane murah banget manut petungane kanca-kanca. Amarga sakwise dietung-etung wong siji mung kudu mbayar kurang saka pitung puluh ewu sesasine. Ngendi ana ing jaman saiki kost mung mbayar pitung puluh ewu sesasi? Ana papan liya sekitar kampus rata-rata kost sesasi nganti satus seket tekan rong atus seket ewu rupiah. Akhire diputusake setuju mapan kost ing omah kuwi kanthi bayar ngarep cash.

Seminggu rong minggu durung ana kedadeyan apa-apa. Kahanane ayem tentrem wae. Ndungkap rong sasi ana kedadeyan sing misterius. Nalika kahanan sepi amarga sebageyan padha mulih kampung, Pak Alf (saka Tegal) ngalami dihoyag-hoyag tempat tidure. Saka rumangsane Pak Alf, tempat tidur sing dipanggoni kuwi obah-obah dhewe kaya diayun-ayun kae. Pak Alf kaget njenggirat terus tangi. Kanthi maca donga-donga sing diyakini bisa gawe teteke ati, Pak Alft nyoba ngumpulake kewanene. Wusana ora ana kedadeyan apa-apa. Mung pengalaman sing gawe giris wae sing dialami dening Pak Alf.

Pak Alf banjur crita lelakon kuwi karo kanca-kanca kabeh. Ana sing percaya nanging uga ana sing nanggapi kedadeyan kuwi karo guyonan. Aku dhewe isih ragu-ragu. Mosok ana papan kono isih ana memedi utawa arwah nglembara sing ganggu gawe anak kost? Pitakonku sajrone ati. Nanging anggone crita Pak Alf banget ngyakinake. Tangeh yen ngapusi. Kabeh pengin ngerti bukti liyane.

Ganti minggu kedadeyan kuwi isih padha dienggo bahan pirembugan. Lan nyatane ana kedadeyan sing meh padha. Nalika kahanan sepi amarga akeh sing mulih kampung, Pak ABS (saka Kendal) uga ngalami lelakon sing padha. Nalike dheweke turu ijen ing kamar, rumangsane dihoyak-hoyak saweneh pawongan. Anggone nggoyak-hoyak iku banter nganti rasane kaya lindhu wae. Pak ABS njenggirat, njola, banjur metu saka kamare. Ora wurung kedadeyan kuwi dadi bahan pirembugane kanca-kanca kabeh. Apa satemene misteri sing sumimpen ing omah kost kuwi? Apa bener yen ing omah kono iku ana jin sing nunggu utawa arwah penasaran sing durung entuk papan sing murwat?

Durung kasil njawab teka-teki mau, malah wis ana kedadeyan sing kaping telu. Saiki sing ngalami Pak Alf maneh. Saweneh sore Pak Alf meruhi dhewe ana kukus sing metu saka tembok lan pindhah-pindhah panggonan. Iki pancen fenomena aneh. Kukus iku kaya dene urip lan bisa mlaku mrana-mrene. Pak Alf ora wedi nanging malah penasaran. Dietutake suwe-suwe kukus iku ilang dhewe. Kedadeyan iki saya ngyakinake aku sakanca yen saktemene ana misteri kang sumimpen ing omah kuna iki. Aku sakanca banjur nyoba nlusur lan golek informasi apa kang wus dumadi ing papan kono.

Pitakonan iku akhire entuk wangsulan nalika Pak Tmj (saka Gunung Kidul) secara ora sengaja crita karo Bu Slamet sing kagungan dalem kuwi. Bu Slamet ngendika, “Mosok enggih Mas? Kadose pun dangu mboten ngganggu. Kok saniki malah muncul malih?” wangsulane nganggo logat Jawa Timuran.

“Saestu Bu. Kanca kula kalih pun nate dihoyok-hoyok. Asline pripun Bu wonten kedadosan punapa?” pitakone Pak Tmj nganggo logat Yogya sing alus.

“Yok apa sih? Kok sampeyan teka mrene maneh?” pangandikane Bu Slamet mangsuli pitakonane Pak Tmj.

“Sinten Bu?”

“Niku rak ngaten Mas; riyin onten lare sing manggen wonten mriki. Lha merga cinta, piyambake nganti matek. Bubar niku, pas ajenge nata buku-buku, kartu mahasiswa gadhahane lare niku, kok onten swara ‘Bu, kula taksih wonten mriki kok bukune pun sampeyan benahi,” keterangane Bu Slamet.

“Niku swantene sinten?”

“Nggih lare setri sing entas matek niku. Lha githoke kula rak mrinding kabeh mireng swara niku.”

“Terus pripun?”

“Nggih kula wangsuli; ya Nak sampeyan gak pa-pa yen isih ana kene. Iki buku-bukumu lan kartu mahasiswa uga barangmu liyane arep ndak tata. Gak usah khawatir. Barang-barangmu kabeh iki isih tetep takramut. Kula wantun-wantunaken mangsuli piyambake kados ngonten niku.”

“Bubar niku napa empun wonten usaha kangge nyampurnakaken arwahe lare wau, Bu?” pitakonane Tmj maneh.

“Nggih empun. Pun kula kumpulaken tiyang-tiyang kangge ndongakaken arwahe. Ning nggih niku sok-sok teksih sanja mriki.”

Misteri ing kost iku wiwit kewiyak. Jebul biyen nyata ana mahasiswa UNEJ sing kost ana kono mati ngenes. Bu Slamet lan warga liyane percaya yen makhluk sing manggon ana omah tingkat kuwi ora liya ya arwahe wong mau. Krungu critane Tmj aku saya penasaran. Sawijining sore aku miterang Bu Slamet mungguh kedadeyan sing saktemene. Sakwise ngyakinake Bu Slamet anane prastawa-prastawa sing wis dumadi, aku takon luwih detail ngenani mahasiswa UNEJ sing mati ngenes kuwi. Beja dene Bu Slamet kersa menehi keterangan luwih cetha ngenani kedadeyan ing kost kono.

“Dados ngaten. Pancen mboten namung sampeyan sing diganggu arwah niku. Kalih taun kepengker onten lare kost kalih saking Probolingga. Namine Ririn kalih rencange. Lha lare niku kok dikemuli. Terus larene keweden, Mas.”

“Nggih. Nggih. Nggih. Dados ngaten ta. Kula dados ketarik pengin ngertosi lare sing kost mriki lajeng seda niku, Bu Slamet,” wangsulanku.

“Namine Endang Susilowati Asline Banyuwangi, Mas. Piyambake niku mahasiswa FKIP jurusane napa nggih? Yen mboten lepat Matematika napa napa nggih, kula kok kesupen. Larene dhuwure sakmenten (karo nuduhake dhuwure sakdhadhaku) rambute sakmenten (karo nuduhake gulu). Rambute niku radi kriting, Mas. Senengane Mbak Endang niku melu PRAMUKA.”

“Endang Susilowati napa Endang Triningsih, Bu?”

“Endang Susuilowati, Mas.”

“Larene pripun, Bu?”

“Sae Mas. Grapyak lan remen srawung kalih tiyang-tiyang mriki.”

“Kedadosanipun sampun dangu nggih Bu?”

“Pun Mas.”

“Taun rong ewunan?”

“Nggih. Kirang langkung taun rong ewunan, ning kula pun kesupen taune.”

“Criyose pripun Bu kok Mbak Endang niku ngantos seda?” pitakonku.

“Mbak Endang niku pun meh tamat kuliahe Mas. Lha piyambake niku dijodhokaken tiyan sepuhe. Pokoke pun kantun manut kedah purun urip bareng kalih tiyang jaler pilihan tiyang sepuhe niku. Ning, Mbak Endang sajake mboten purun dipeksa. Mbak Endang jebul empun gadhah pacar piyambak. Sawetawis piyambake kedah ngrampungi urusan perjodhoan niku. Lajeng pisah sawetawis kalih pacare. Jejodhohan niku mboten saged lumampah, Mas. Mbak Endang ngeboti pacare.”

“Napa terus nikah kalih pacare niku?”pitakonku.

“Mboten Mas.”

“Kok saged?”

“Lha niku. Sareng ditinggal Mbak Endhang, pacare niku pun gandheng kalih cewek sanese.”

“Lajeng Mbak Endang sisah nggih Bu?”

“Enggih. Mboten mung sisah. Piyambake ngenes, gerah ngantos seda. Sedane nggih wonten mrika wonten Banyuwangi. Ning nggumun kula, kok onten kedadosan kados ngaten.”

“Nggih. Saniki kula ngertos. Cariyos wau kados dene tresna ingkang nggondhol nyawa. Rak ngaten ta Bu?”

“Nggih leres sampeyan niku.”

Krungu keterangane Bu Slamet atiku lega. Putus Cinta kaya sing dialami dening Mbak Endang Sulistyawati kuwi saktemene lelakon sing asring dumadi ing urip padinan. Akeh wong pacaran sing ora dadi jodho. Akeh sing entuk jodho tanpa pacaran. Akeh uga sing pacaran nganti dadi jodho. Bab tresna klebu masalah universal. Mung sing rada ndakgumuni kenangapa arwahe Mbak Endang kuwi isih tetep wae manggon ana ing papan kost kono. Iki sing isih dadi misteri. Ing kamangka mesthine arwah kuwi bakal dibalekake ing alam barzah sing beda karo kahanan ing alam donya. Kuwi manut teori keyakinan agamaku.

Kanggo njawab pitakonan kuwi, aku nyoba ‘uji nyali’ manggon ijen ing kamar kost kono nalika kabeh kanca-kancaku mulih. Aku mapan ana kamar ngarep sing cedhak lawang. Karepku yen ana apa-apa aku bisa mlayu. Wengi sing sepisan ora ana kedadeyan apa-apa. Mung wae aku ora bisa turu. Rasa was lan khawatir tetep wae mencungul ing pikiranku. Aja-aja arwahe Mbak Endhang teka mak bedunduk ana ngarepku. Aja-aja teka wewujudan cewek sing rambute brintik segulu. Aja-aja ana keluk kang metu saka tembok. Kethap-kethip ijen ora bisa merem.

Wengi rasane mlaku suwe. Ing kahanan wedi kuwi kadilalah ujuk-ujuk wetengku mules. Ora nyana yen aku bakal kena serangan mencret. Ketiwasan. Nunggu arwahe Mbak Endang kok sing teka serangan diare. Ing kamangka WC-ne papane ana mburi. Kepeksa takwanek-wanekake mlaku menyang mburi. Kahanan peteng. Lampune mati sisan. Ujug-ujug bolame pedhot. Serangan weteng ora bisa diampet. Nadyan mengkono aku nekad mlebu WC. Karo pringisan takdongakake muga-muga arwahe Mbak Endang wis tentrem manggon ana alame utawa lagi sibuk karo urusane dhewe lan ora sempat nyambangi aku. Akhire slamet. Arwahe Mbak Endang ora nemoni aku. Mbok menawa aurane Mbak Endang ora cocok karo auraku mula patang wengi ana kamar kost kono ijen ora ana kedadeyan apa-apa. Embuh yen sesuk-sesuk dheweke nemoni aku, aku iya ora ngerti.

8 responses to “SASTRA JAWA

  1. Wah… aku sama mbak Ning barusan baca “TRESNA KANG NGGONDHOL NYAWA”
    wah, mbak Ning langsung gak berani bobok sendiri takut didatangi mb. Endang…
    Wah, pak Dadi lolos uji nyali ya….
    Selamat

  2. Hai, aku nunggu cerita2 yang lain, misteri juga oke, lumayan utk uji nyali kalo pas bangun di penghujung malam..ni baru ngenet di perpust.

  3. Aku kok gak masuk dalam ceritane to?

  4. Seratan panjenengan wonten PS no 6 tanggal 7 Februari 2009,saged nambahi semangat kula anggen kula kepengin ngangsu kawruh dhumateng panjenengan. Kula salah satunggalingg guru ingkang tahun 2008-2009 dipun percados mucal baca jawi. Inggih namung bandha nekad , bapak Sudadi, menika kemawon dipun wuruki kanca ingkang sampun wasis basa jawi.Saking notoling kepengin saged IT kula dipun wuruki damel email,damel blog .
    Sapunika sampun gadhah blog://mawaradi.blogspot.com
    kula dipun wuruki nuwun.
    Purwito

  5. victory christiono

    kula mahasiswa IKIP PGRI semarang jur Basa Jawi
    ngaturaken pamaturnuwun.

  6. Ki Dhalang Sulang

    Assalamu alaikum wr.wb.
    Salam pitepangan, Pak. Kanthi boten kasengaja kula manggih web punika, ingkang nggadhahi gegebengan luhun kangge nglestantunaken sastra Jawa. Kula ndherek nyengkuyung, boten ketang namung minangka pamaos seratan panjenengan. Sugeng makarya.
    Wassalamu alaikum wr.wb.

  7. Ki Dhalang Sulang

    Assalamu alaikum wr.wb.
    Salam pitepangan, Pak Sabdadi. Kanthi boten kasengaja kula manggih web punika, ingkang nggadhahi gegebengan luhung kangge nglestantunaken sastra Jawa. Kula ndherek nyengkuyung, boten ketang namung minangka pamaos seratan panjenengan. Sugeng makarya.
    Wassalamu alaikum wr.wb.

  8. wah wah pak,…………………
    keren abizzzzzzzzzzzzzz

Leave a comment